TULADHA ATUR PANAMPI PASRAH TEMANTEN KAKUNG

Bagi Sahabat semua yang masih ingin melestarikan adat budaya Jawa dalam suatu acara berikut ini contoh pidato penerimaan calon penganten putera dalam adat Jawa. Assalamu’alaikum Wr. Wb. Dhumateng panjenenganipun Bapak ............ ingkang piniji anembani wuwus, mangka duta saraya, sulih sarira saking panjenenganipun Bapak/Ibu ................ ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan. Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pangaksama, inggih awit mradapa keparengipun kadang kula sepuh raka mas ........................ sarimbit garwa, kula piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenenganipun Bapak ......................... lumantar panjenenganipun Bapak ............... . Minangka purwakaning atur, ngaturaken pambagya sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene lam...