Selamat Datang

Selamat Datang (Sugeng Rawuh) di Blog Pribadi Saya

Selasa, 21 Februari 2012

TULADHA ATUR PANAMPI PASRAH TEMANTEN KAKUNG


Bagi Sahabat semua yang masih ingin melestarikan adat budaya Jawa dalam suatu acara berikut ini contoh pidato penerimaan calon penganten putera dalam adat Jawa.
 

 Assalamu’alaikum Wr. Wb.
            Dhumateng panjenenganipun Bapak ............ ingkang piniji anembani wuwus, mangka duta saraya, sulih sarira saking panjenenganipun Bapak/Ibu ................ ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan.
 Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pangaksama, inggih awit mradapa keparengipun kadang kula sepuh raka mas ........................ sarimbit garwa, kula piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenenganipun Bapak ......................... lumantar panjenenganipun Bapak  ................
Minangka purwakaning atur, ngaturaken pambagya sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene lampah panjenengan sampun kasembadaning karya, satemah saget nglarapaken sekar  cepaka mulya sasele, inggig putra calon temanten kakungipun Bagus............kanthi wilujeng nir baya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.
Sanget katampi kanthi bingahing manah salam taklim saking panjenenganipun Bapak/Ibu ......... ingkang salajengipun badhe kula aturaken wonten ngarsanipun raka mas ................ sarimbit, mugi-mugi awit pangestunipun, sageta andayani anggenipun mengku karya, hanetepi darmaning sepuh, hangrakit sekar cempaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Semanten ugi, lumaraping sekar cepaka mulya sasele, inggih pasrahipun putra calon temanten kakung katampi kanthi suka renaming penggalih. Suka bingahing manah saking panjenenganipun raka mas .......... sarimbit, menawi kenging kawedhar ing akathah, saha kepareng rinumpaka ing ukara, kadi kajrugukan wukir sari kabelebenging samodra madu. Ing salajengipun, menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati tumunten badhe kapanggihaken Bagus ...............  kaliyan nak ayu .............. atmaja putrid raka mas ..............
Dhumateng panjenenganipun Bapak ............. dalah pangaraking  putra calon penganten kakung, sasampunipun mangke putra calon temanten kapanggehaken, kula suwun pinarak lelenggahan kanti mardhu mardikaning penggalih, ngantos dumugi paripurnaning pawiwahan, saperlu hangestreni tuwin paring berkah panestu dhumateng temanthen sarimbit, mugi-mugi anggenipun badhe lelumban wonten madyaning bebrayan agung, tansah manggih bagya mulya ingkang sinedya, rahayu ingkang tinuju, basuki ingkang kaesthi miwah tansah gagah ingkang jinangkah.
Mingaka puputing atur, menawi wonten kuciwaning boja krami, anggen kawula hangacarani menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih jalanidhi pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging basa, hambok bilih anggen kawula matur wonten kiranging suba sita ingkang singular ing reh tata karma, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar: